Wednesday 19 September 2012

Dialog Lucu antara Pencari Kerja dengan Pengusaha

Buat sahabat blogger sekalian, ini ada dialog lucu antara pencari kerja dengan pengusaha dalam dialog interviewnya.

b : Kowe nduwe omah opo ora…..?
a: dereng….
b: Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten……..?
b: Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
b: Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten…..?
b: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, catting terus

##############################################################
G : Kowe nduwe motor opo ora….?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.

##############################################################
G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..?
c : sampun pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
c : Lho kados pundi to….?
G : Mengko kowé kerjo munG ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.

##############################################################
f: Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
f: Ra ketompo…..
d : waa……kok ngoten?
f: Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d: Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
f: Malah ora ketompo.
d : Lho kok……
f: Engko kowé mung gaweane update status sing lucu…….

##############################################################
z: Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
z: Ra ketompo…….
o : Kenging nopo …..?
z: Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
z: Malah ra ketompo……
o : Pripun to niki….?
z: Mengko aku duwe saingan………
##############################################################

No comments:

Post a Comment